Minggu, 07 November 2010

Esuk - Esuk

esuk-esuk tuku lengo nyangking botol (konco)
konco lawas dijak dolan menyang kali (pelem)
pelem iku kecute ngluwihi jeruk (tumo)
tumo iku manggone ono ing rambut (jempol)
jempol sikil otal-atil arep pritil (idu)
idu kuwi nggo dolanan ora apik (tempolong)
tempolong yen digarek mbesetke kulit (silet)
silet iku dijupuk ojo dicawuk (gawang)
gawang bal-balan jarike arep nritil (penthung)
penthung wesi nggo nggebuk sing dho korupsi (monggo)

lingsir wengi

lingsir wengi tan kendhat
bebaya memala tan kinaya ngapa
bebendu pepeteng tan kena kinira
bang bang wetan semburata
bang bang wetan semburata